Contoh Cerkak dalam Bahasa Jawa

 

Cerita NgakakAJAIBNYA.COM – Anda tahu cerkak? Itu adalah singkatan dari “Cerita Ngakak” atau cerita lucu (humor).

Dalam bahasa Jawa cercak adalah “Cerito Ngakak” atau “Crito Cekak“. Cerkak dalam bahasa Jawa banyak dicari oleh anak-anak sekolah saat ini.

Cerkak memang bisa membuat kita terhibur, apalagi jika sebelumnya kita dirundung masalah yang membebani hati dan pemikiran.

Membaca cerkak juga bisa dilakukan sambil beraktivitas di kantor. Hal ini tentu tidak akan membuat masalah baru, apalagi jika cerkaknya hanya pendek-pendek.

Dengan membaca cerkak, baik dalam bahasa Indonesia maupun dalam bahasa daerah seperti bahasa Jawa, bahasa Sunda, bahasa Makassar, bahasa Batak dan sebagainya, hati dan pikiran bisa kembali tenang dan bahagia.

Nah, karena kami lihat banyak sekali pencarian dengan kata kunci contoh cerkak dalam bahasa Jawa, maka kami akan sajikan beberapa contoh cerita ngakak dalam bahasa Jawa di bawah ini:

Contoh Cerkak Bahasa Jawa – 1

17 Agustus 1945

guru : “anak-anak, siapa yg tw lagu kemerdekaan”????

udin : “saya buk”

guru : “coba kmu nyanyi kn”!

udin : “16 agustus thn 45,,,,,,”

guru : “goblok,,, salah itu,, bukan 16 tpi 17” !!!

udin : “saya blm selesai buk”,,,
16 agustus tahun 45, besoknya hari kemerdekaan kita,,,,,,”””

guru : langsung munggah mejo, truss joget bang kali.

Contoh Cerkak Bahasa Jawa – 2

Andong lan Laler Cilik

Jaman mbiyen ana andong nggawa momotan jambu kluthuk lagi mlaku saka Selarong arep menyang Pasar Bantul. Jaman iku dalane isih gronjal-gronjal digawe saka watu durung ana aspal.

Nalika andong lagi liwat dalan sing kebak wedi, ana laler cilik mencok ning nduwure andong. Bareng karo mencoke laler, lakune andong malik rindik. Ora amarga kabotan laler, nanging amarga rodane kepater dening wedi sing mbleder ning ndalan.

Nanging rindike andong tumrap laler dianggep amarga kapencokan deweke.
“Wah andong iki dadi mlakune alon-alon, mesti merga jarane kabotan awakku” pikire si laler kanthi ati bungah rumangsa paling abot sak donya.
“Sapa sing iso nandingi abote awakku, ora ana kewan liya sing luwih abot timbang aku!”.

Sakwise sakwetara mencok ning andong, laler banjur jeleh terus mabur meneh. Nalika Laler mabur, andonge pas liwat dalan sing ora ana wedine. Dadi lakune andong malik cepet maneh.

Si Laler kang gegeden rumongso tambah yakin menawa deweke abot tenan. “Weladalah, tak tinggal sedilit wae, andonge langsung biso mlaku banter. Wah, nek ngono aku iki abot temenan ya!” celatune si laler.

Laler banjur mikir, manawa deweke mencok ning andong karo ngobahke sewiwine mestine si andong bakal mlaku luwih banter amarga kasurung dening obahe sewiwi. Laler trus nyoba mencok maneh ning andong karo ngobahke sewiwi. Dumadakan andong malik mlayu banter banget ngedap-edapi. Laler kaget banget ngantek awake kontal saka andong. Untunge deweke iso mabur sakdurunge tiba ning lemah.

Sajatine andong mau iso mlayu banter banget amarga dalane ndronjong, Dadi lumrah menawa mlakune luwih banter wong diewangi gravitasi bumi. Nanging lelakon itu agawe Laler dadi tambah ge-er.

Trus mbengok-mbengok marang jarane andong.. ‘Sorry, sorry Kang Jaran, aku salah ngukur kekuatanku. Anggonku ngobahke sewiwi sajake kebanteren, dadi andongmu mlakune banter banget. Sorry ya, sesuk maneh anggonku ngobahke sewiwi rindik wae”. celatune Laler kanthi ati mongkok.

Contoh Cerkak Bahasa Jawa – 3

Kucing Sing Pinter Ngalembana

Suwijining ndina Kucing sing endah banget wulune mlaku-mlaku ning ngomah. Dheweke weruh ana anak thekek lagi nggondol daging empal mbuh seka ngendi. Dadi dheweke dadi kepengin melu mangan, terus golek cara supaya bisa ngrebut daging empal kuwi. Kanthi modal wulune sing apik lan rupane sing ayu, Kucing rumangsa isa ngrebut empal saka anak thekek sing kurang pengalaman.

“Hai Thekek, awakmu iku kethok pengkuh, rosa banget, lan kulitmu kandel ora tipis kaya kulit cecak. Apa tho rahasiane?

Thekek bungah banget dialembana dening Kucing kang elok rupane. Nanging dheweke meneng wae amarga sumelang menawa mangsuli pitakone Kucing, empale bakalan tiba ning njobin.

Kucing ora kurang akal, banjur takon meneh

“Hai Thekek, kowe iso ora ngajari aku mlaku ning tembok. Kok ya ampuh tenan kowe ki iso mlaku ning tembok, sing ngajari sapa tho?

Thekek meneng wae, sakjane dheweke pingin ngejawab menawa isa mlaku ning tembok kuwi ora ana sing ngajari. Dheweke kuwi pinter dadi isa mlaku dhewe rasah diajari sapa-sapa.

Kucing nyoba ngalembana meneh marang si anak Thekek.

“Hai Thekek, suaramu kuwi tak akoni  pancen merdu tenan. Mbok kowe nyanyi sak lagu wae ben tambah kasengsem athiku marang sliramu”

Anak Thekek ora iso ngampet meneh, kepingin eksis. Dheweke mbukak cangkeme arep nyanyi. Mesthi wae empale tiba ning njobin. Untunge ana Mbokne Thekek sing nyaut empal sing tiba mau, banjur ngajak anak Thekek lunga ngedohi Kucing kang rupane mranani kuwi. Mbokne rumangsa dheweke kurang anggone ngajari anake supaya ora gampang klenthir nalika dialembana dening liyan.

Demikianlah beberapa contoh cerkak dalam bahasa Jawa yang dapat kami rangkum untuk Anda. Semoga bermanfaat ya…

 

10 TOPIK MENARIK LAINNYA

definisi air terjung menurut para ahli, sajak sunda sedih, kesaktian eyang surya kencana, Java tel aviv, kayu tlogosari, orang terkaya di dharmasraya, naskah drama bahasa sunda 10 orang, sunan pangkat, tokoh wayang berdasarkan weton, penguasa gaib pulau sumatera

JANGAN LEWATKAN